Rabu, 20 Agustus 2025

PEMBAHASAHAN STS BAHASA JAWA KELAS 5/ 1

I. Ayo nggarap soal kanthi menehi tandha ping (X) ing aksara a, b, c utawa d

sangarepe wangsulan sing paling bener ing lembar jawaban kang cumawis!


1. Sing ora klebu perangane pidhato, ing ngisor iki yaiku ....

a. surasa

b. adangiyah

c. salam pambuka

d. wasana/panutup

  • Pidhato (pidato) basa Jawa biasane duwe struktur utawa perangan tartamtu.

  • Salam pambuka (c) minangka bagéan wiwitan pidato.

  • Adangiyah (b) (basa Arab: adangiyah, tegese "pangarep-arep") utawa hamdalah minangka pujian marang Gusti Allah kang asring klebu ing pidato.

  • Wasana/panutup (d) minangka bagéan panutup pidato.

  • Surasa (a) dudu istilah resmi kanggo perangan pidato basa Jawa. Tembung "surasa" tegesé "rasa" utawa "inti", nanging ora klebu minangka salah siji perangan struktur pidato formal.

2. Perangane pidhato kaping sapisan yaiku....

a. salam pambuka

b. pambuka

c. surasa

d. wasana


3. Para sesepuh, pinisepuh kakung miwah putri ingkang kula bekteni. Tembung putri tegese

padha karo ....

a. wadon

b. jago

c. lanang

d. anak


Punggelan teks pidhato ing ngisor iki kanggo mangsuli soal nomer 4-7!

Dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak/lbu Dwija saha

karyawan SDN 1 Suka Maju, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani. lngkang sapisan,

sumangga kula saha panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng GustiAllah

Maha Kuwaos, ingkang tansah paring nikmat saha rahmat satemah kula saha panjenengan

sedaya taksih saged kempal wonten pawiyatan menika.

Kaping kalih, ing siang menika kula, minangka talanging atur saking kelas V nuwun

sewu menawi kula sampun kumawantun jumeneng wonten ngarsa panjenengan sedaya

saperlu badhe ngaturaken sesorah babagan Karesikan Lingkungan.

4. Pratelan teks pidhato, kasebut nuduhake bagian ....

a. salam pambuka

b. pambuka

c. surasa basa


d. wasana basa

5. Pidhato kasebut katindakake ing wayah ....

a. esuk

b. sore

c. wengi

d. alvan

6. Pratelan teks pidhato kasebut babagan ....

a. Karesikan Dapur

b. Karesikan Latar

c. Karesikan Lingkungan

d. Karesikan Omah

7. lng sesorah katindakake minangka talanging atur kelas ..'.

a. II

b. III

c. IV

d. I

Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan no 8-9!

Ing wasana, kulo.pribadhi ingkang tinanggenah minangka talanging,atur sampun kumawani

tilar subasita, cicir, cewet, lan cupeting atur keparenga diagung ing pangaksami.

8. Pratelan teks pidhato kasebut klebu perangan ....

a. purwaka

b. isi

c. panutup

d. pangarep-arep

9. Tembung pangaksami pada tegese ....

a. maturnuwun

b. pangapunten

c. nyuwun tulung

d. cekap

10. Cengkorongan pidhato kudu digawe supaya pidhatone ....

a. runtut

b. dawa

c. lucu

d. wigati

11. Salah sawijining tontonan kanthi pepethan wong lan kewan kang digawe saka walulang

kewan, godhong lan kain diarani ....

a. ramayana

b. geguritan

c. wayang

d. pidhato

Wacanen kanthi premati punggelan crita ngisor iki kanggo pancadan soal no 12-17!


Adipati Karna uga karan Suryaputra, adipati ing Ngawangga. Adipati Karna iku

putrane Bathara Surya lan Dewi Kunthi, mulane isih kadang sinarawedi karo pandhawa.

Dheweke sejatine putra mbarepe Dewi Kunthi, nanging nalika isih bayi dibuwang lan ditemu

dening kusir Adirata banjur suwita marang NgastinalAmarga putrane Dewa, Adipati Karna

nduweni kadigdayan linuwih arupa aji-aji lan gaman. Gamane yaiku Kuntawijayadanu lan

keris Kyai Jalak utawa Kyai Kaladete. Dene aji-ajine yaiku Aji Kalalupa sing bisa ngetokake

buta akeh lan Aji Naracabala sing bisa ngetokake gegaman akeh banget. Kaya sing wis

dicritakake ing ngarep, Adipati Karna lan Raden Janaka iku isih kepetung sedulur, mulane

pasuryane meh padha. satriya loro kuwi padha saktine lan padha pintere olah gegaman

panah.

12. Adipati Karna iku putrane Dewi Kunthi karo ....

a. Bathara Surya

b. Bathara Guru

c. Bathara Rama

d. Bathara Resi

13. Kasatriyane Adipati Karna mapan ing...

a. Ngastina

b. Ngawangga

c. Ngamarta

d. Ngalengka

14. lbune Adipati Karna yaiku ....

a. Dewi Kunthi

b. Dewi Madrim

c. Dewi Surtikanthi

d. Dewi Drupadi

15. Asma liyaneAdipati Karna yaiku ....

a. Arjuna

b. Suryatmaja

c. Pandu Dewanata

d. Resi Bisma

16. Aji-ajine Adipati Karna sing bisa ngetokake buta akeh, arane aji ....

a. Kuntawijayadanu

b. Kalimasada

c. Kalalupa

d. Panah Pasopati

17. Pasuryane Adipati Karna rneh pa{ha karo ....

a. Puntadewa

b. Werkudara

c. Kresna

d. Janaka

18. Gambare Adipati Karna yaiku ....


19. Perang gedhe antarane Pandhawa lan Kurawa diarani ....

a. perang paderi

b. perang puputan

c. perang Baratayuda

d. perang gerilya

20. Putrane Raden Werkudara sing gugur nalika perang nalikane perang,karoAdipati Karna

yaiku ....

a. Abimanyu

b. Gathutkaca

c. Anthareja

d. Priambada

II. Ayo ngiseni ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi pratitis nganggo tembung kang trep

ing lembar wangsulan kang cumawis!

21. Patrap tangan nalika nindakake pidhato diarani ....

22. Pidhato uga diarani ....

23. Metode pidhato kanthi nggawa cathetan cilik babagan kang wigati utawa penting sak

isine pidhato diarani metode....

24. Pidhato kanggo kanca saumuran nggunakake basa ....

25. Basa sing digunakkake nalika siswa pidhato ing ngarepe guru lan kepala sekolah yaiku

26. Sumangga kula lan panjenengan sedaya sesarengan ngaturaken puja saha pujisyukur

dhumateng ngarsanipun GustiAllah lngkang Maha Kuwaos.

Ukara kasebut kalebu perangan ....

27. Cekap sernanten anggen kula matur. Menawiwonten lepatipun atur kulo nyuwun

agunging pangaksami. Ukara kasebut kalebu perangan ....


Wacanen kang premati crita ing ngisar iki kanggo pancadan soal no 28-32!

Baratayuda wis mlaku pirang-pirang dina. Senapati lan prajurit kang padha gugur ing

palagan wis ora diwilang. Sing pungkasan dhewe iki Begawan Durna, gugur ing Tegal

Kurusetra. Kurawa rumangsa kelangan banget. Begawan Durna iku ahli siasat perang, uga

guru Padhawa lan Kurawa. Ngelingi kahanan kaya mengkono, Prabu Duryudana kepengin

enggal-enggalmungkasiperang. Kanthiatimantep, dheweke netepakeAdipati Karna, madeg

Senapati,

lng pemikirane Prabu Duryudana, Adipati Karna iku sekti lan kawasisane manah ora

ana sing nandhingi. Sakliyane iku, Adipati Karna duwe warastra sekti puqaka paririgane

deryaPusaka iku jenenge Kunto Wijayadanu. Dayane Kunto Wijayadanu, meriarqir dian ora

bakal mleset.

Sauwise Adipati Karna madeg Senapatilan maju ing palagan, prajurit Astina kang

maune mawut merga kelangan senapatine bali tuwuh maneh semangate. Sakiki genti prajurit

Pandhawa sing katon keseser.

Prabu Bathara Kresna, panasehate perange Pandhawa banjur ngatur siasat. Menawa

saiki di jokake Arjuna kanggo nandhingiAdipatikarna, mesthi bakal kalah, merga Adipati

Karna isih duwe panah pusaka Kunto Wijayadanu. Bathara Kresna banju'r netepake

Gathotkaca pinangka Senapati Agung Pandhawa, ngimbangi Adipati Karno.

lng palagan kebukten. Gatotkaca gugur ketaman panah pusaka Kunto Wijayadanu.

Bareng karo gugure Gathotkaca, panah pusaka iku musna, dadi pusaka kadewatan.

28. Perang Baratayuda yaiku perang antara Pandhawa lan ....

29. Begawan Durna, gugur ing ....

30. Pusaka Adipati Karna yaiku ...

31. lngkang gugur ketaman panah pusaka Kunto Wijayadanu yaitu ....

32. Adipati Karno madeg senapati kanthi palilah saka Prabu ....

33. Kurawa iku duweniwatak....

34. Adipati Karna iku sejatine isih seduluran karo....

35. Raden Arjuna nitih kreta Jatisura. Tembung nitih basa nggkone yaiku ....

III. Ayo mangsuli pitakon-pitakon ngisor iki kanthi bener ing lembar. wangsulan kang

cumawis!

36. Apa kang diarani pidhato?

37. Sebutna ancas nindhakake pidhato?

38. Apa wae gaman lan aji-ajine Adipati Karna? Aranana!

39. Geneya Adipati Karna gugur dadi kusumanihg bangsa?

40. Gawea ringkesan babagan Adipati Karna kanthi cekak!